Sumber:SASTRA JIWA
Di post: Sabtu 23 April 2022
ꦧꦧ꧀꧇꧓꧇ꦭꦫꦤꦶꦁꦭꦸꦥꦸꦠ꧀ꦭꦤ꧀ꦏꦼꦥꦺꦤꦏꦺꦧꦼꦤꦼꦂ
Laraning luput arane : PANANDHANG.
Kapenaking bener diarani ; GANJARAN.
Bener lan lupute dalah kapenak lan larane, ka-aranan :
KARMA kang ateges PANGGAWE lan UWOHING panggawe.
Ngrumangsani luput karepe : ngreti lan ngakoni benering
pangadilan kodrat.
Patraping ati ing bab ngrumangsani ngakoni benering
pangadilan, arane : panarima, tembunge Arab : rila. Iku tumraping ati tumrap
pangadilan kodrat. Yen katembungake mlayu : “Sikap hati terhadap pada keadilan
kodrat”.
Rila iku nyirnakake panganggep : SIKSA; marang panandhang,
netepake :
KAPRELUAN.
Iya rila iku kang nyirnakake panandhang ing ati, marga
traping ati SARUJUK lan lakuning pangadilan.
Pamarsudi marang : BENER nyuda kehing luput.
Katemuning BENER mahanani : padhang lan kasantosan, yaiku
kalepasan lan kamardikan.
Wong ngresula, ngesah, manglah, sambat, meri
sapanunggalane, iku asal saka : ora sarujuking trape ati karo empaning
pangadilan.
Kabeh iku ngemu rasa : GUGAT marang empaning kodrat, dening
dirasa ora adil.
Tarike maneh : nganakake pambakuh, nepsu, muring, pegel, anyel, mangkel, njontong, kesuh, lara ati, masgul, gething, ewa, gela, cuwa, panas sapanunggalane. Iku wis kalebu ana putuning luput. Sanajan ora ateges GUGAT marang pangadilan, nanging luput enggone ORA WERUH marang SABABE nemoni kang mangkono, lan luput enggone ORA WERUH KLIRUNING ATINE ing wektu iku. Sabanjure : sanajan kang mung nggeges, ngeres, trenyuh, keduwung, marang, giris, gila, kaget, sapanunggalane, rehne iku EWONING LARA, mangka lara iku oleh-olehaning luput, dadi tetela ya asal saka luput, kang wis ora kasumurupan asal-usule.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar