Sumber:SASTRA JIWA
Mamayu Hayuning Bawana
꧌ꦎꦫꦏꦼꦥꦺꦤꦏꦶꦁꦭꦸꦥꦸꦠ꧀ꦈꦠꦮꦱꦶꦏ꧀ꦰꦤꦶꦁꦢꦺꦴꦱ꧍
Ngrumangsani luput utawa reged iku lerege marang paniti
priksa adiling kodrat.
Paniti priksa marang adiling kodrat iku lerege marang
paniti priksa ing lupute dhewe, kang aran ngrumansani.
Yen nemoni apa-apa kang ora ngepenakake ati, elinga bae yen
iku : jaban, ora dadi barang bareng tumrap : jeron. Munggguh bab lase : sanajan
gunungan njeblug lan perenga bratayuda pisan, iya njaban.
Anane ora kepenak marga luput, lupute : marga lali ing
dhuwur iku.
Yen nemoni apa-apa kang ora ngepenakake ati, elinga yeng
kang ora ngepenakake iku satemene iya PANGGAWENING ATINE DHEWE, dudu : SING ANA
SAJABANING ATI. Yen dhasar batine bener lan resik temenan, mokal ora kepenak.
Mungguh resik mau ana resik tumrap : Jaban, ana resik tumrap : Jeron.
Yen nemoni apa-apa kang ora ngepenakake ati, elinga yen
anane siksa saka dosa. Lire : anane ora kepenak saka luput. Mokal menawa ora
marga dosa, utawa : mokal ana ora kepenak, merga bener lan resik. Ora susah
adoh-adoh nglulur dosa kang wis klakon. Dosa saiki bae kang wus karuhan (nalika
lagi ora kepenak bae). Dosane yaiku : dene dadak ngrasakakesing gawe ora
kepenak, wong genah ngambah sing ora kepenak, kok ora nyimpang. Apa iku dudu
luput. Rehne luput, apa ora tampa pasiksane. Sapata : sing prentah nglakoni
gawe ora kepenak marang ati mau.
Yen nemoni apa-apa kang ora ngepenakake ati, wis ora susah
takon maneh : mesthi saka lakuning atine dhewe sing susah, (salah pakarti),
nyimpang saka : benering bener, yaiku bener jeron, dudu : bener jaban.
Tandhaning salah : kabukten enggone
mujudake ora kepenak iku.
Yèn němoni apa-apa manèh kang ora ngépénaki ati, aja mung
měruhi : sing ana sajabaning ati. Měruhana : sing ana sajroning ati atiné dhéwé. (Aja ngèlingèling SING DIRASAK-RASAKAKÉ ngèlingana : SING DIANGGO
ngrasak-ngrasakaké).
Yèn němoni apa-apa kang ora ngěpénakaké ati, takona marang
pikiré dhéwé : apa ORA KĚPÉNAK iku maèdahi. Yèn maèdahi, karuwané olèh sěngkut
nandangi. Déné yen wis dhěngěr : ora maèdahi, mangka těka ditrajang, iku salahé sapa. Cara jabané baé wis takon mangkene : sing maèdahi IHTIYARÉ apa GĚLANÉ.
Yèn němoni apa-apa kang ora ora ngěpénaki ati, yèn durung
kětěmu luputé, ya isih luput enggoné nggolèki. Tandhaning luputé : durung bisa
němokaké iku.
Yèn němoni apa-apa kang ora ngěpénaki ati, mangka tétéla
saka luputing liyan sajabaning ati lan wis mupakat wong akèh yèn městhiné utawa
běněré ora kěpénak (marga wis lumrah) èlinga baé yèn iku lagi aran běněr,
durung : běněring běněr.
Kang tinuju ing layang iki : BĚNĚRING BĚNĚR, ora mung BěNĚR
baé. Běněr iku mung tumrap jaban. Běněring běněr tumrap jěron. Yèn mung trima
lumrah baé, ora susah mbicara jěron, awit mundhak dipurih kang nggayuh :
běněring běněr, kang angèling-angèl gayuh-gayuhané.
Yèn němoni apa-apa kang ora ngěpénakaké ati, nyobaa takon
marang budiné dhéwé APA YA RASA JATI MÈLU ORA KĚPÉNAK, RÈHNÉ WIS BĚNĚR, LUMRAH
LAN MUPAKAT WONG SAJAGAD. Městhi ora, awit rasa jati ora městhi nganggěp běcik
marang kang wis dianggěp běcik déning rahsa.
Yèn němoni apa-apa kang ora ngepenakake ati, èlinga
paribasan Walanda : “De liefde is blind”, těgěsé : katrěsnan iku bisa micakaké.
Ora kěpenak iku asal saka KABOTAN TRĚSNA marang dhiriné. Iku kang micakaké ati.
Picaking ati : lali yèn dhiriné iku dudu bener-běněring kahanan kang tumuju ing
sih katrěsnané kang ngěběki jagad.
Yèn nemoni apa-apa kang ora ngěpénakaké ati, AWAKMU
TAKONANA DHÉWÉ : hé........, pangudi, kétokna gawému, sabab saiki aku lagi
němoni kang ora kepěnak. Apa gunane aku ngudi kawruh batin, yen sěněngku mung
yèn : oleh kang lumrahé nyěněngaké, utawa : susah yen nemoni kang nusahake. Yèn
mung lumrah mangkono bae, ora leh déné ngudi kawruh kabatinan.
DURUNG WERUH bae marang lupute. Dene ora weruh iku iya anak
putuning luput maneh.
Yen nemoni apa-apa maneh kang ora ngepenaki ati, aja mung
meruhi : sing ana sajabaning ati. Meruhana : sing ana sajroning ati atine
dhewe. (Aja ngelingeling SING DIRASAK-RASAKAKE ngelingana : SING DIANGGO
ngrasakngrasakake).
Yen nemoni apa-apa kang ora ngepenakake ati, takona marang
pikire dhewe : apa ORA KEPENAK iku maedahi. Yen maedahi, karuwane oleh sengkut
nandangi. Dene yen wis dhenger : ora maedahi, mangka teka ditrajang, iku salahe
sapa. Cara jabane bae wis takon mangkene : sing maedahi IHTIYARE apa GELANE.
Yen nemoni apa-apa kang ora ora ngepenaki ati, yen durung
ketemu lupute, ya isih luput enggone nggoleki. Tandhaning lupute : durung bisa
nemokake iku.
Yen nemoni apa-apa kang ora ngepenaki ati, mangka tetela
saka luputing liyan sajabaning ati lan wis mupakat wong akeh yen mesthine utawa
benere ora kepenak (marga wis lumrah) elinga bae yen iku lagi aran bener,
durung : bebering bener.
Kang tinuju ing layang iki : BENERING BENER, ora mung BENER
bae. Bener iku mung tumrap jaban. Benering bener tumrap jeron. Yen mung trima
lumrah bae, ora susah mbicara jeron, awit mundhak dipurih kang nggayuh :
benering bener, kang angeling-angel gayuh-gayuhane.
Yen nemoni apa-apa kang ora ngepenakake ati, nyobaa takon
marang budine dhewe APA YA RASA JATI MELU ORA KEPENAK, REHNE WIS BENER, LUMRAH
LAN MUPAKAT WONG SAJAGAD. Mesthi ora, awit rasa jati ora mesthi nganggep becik
marang kang wis dianggep becik dening rahsa.
Yen nemoni apa-apa kang ora ngepenakake ati, elinga
paribasan Walanda : “De liefde is blind”, tegese : katresnan iku bisa micakake.
Ora kepenak iku asal saka KABOTAN TRESNA marang dhirine. Iku kang micakake ati.
Picaking ati : lali yen dhirine iku dudu bener-benering kahanan kang tumuju ing
sih katresnane kang ngebeki jagad.
Yen nemoni apa-apa kang ora ngepenakake ati, AWAKMU
TAKONANA DHEWE : he........, pangudi, ketokna gawemu, sabab saiki aku lagi
nemoni kang ora kepenak. Apa gunane aku ngudi kawruh batin, yen senengku mung
yen : oleh kang lumrahe nyenengake, utawa : susah yen nemoni kang nusahake. Yen
mung lumrah mangkono bae, ora leh dene ngudi kawruh kabatinan.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar