Sabtu, April 23, 2022

BAB IV R U M A S A

Sumber:SASTRA JIWA
Mamayu Hayuning Bawana


 

ꦧꦧ꧀꧇꧔꧇ꦫꦸꦩꦰ

 

Rumasa iku plawangan marang : BĚNĚRING BĚNĚR.

Rumasa iku karěpé : měruhi luputé utawa cacadé dhéwé.

Kaluputan utawa cacad iku městhi kěbanjur kělantur-lantur, YÉN ORA DIBĚNĚRAKÉ utawa DI-OWAHI.

 

mBěněraké utawa ngowahi iku ora bisa klakon, yèn ora kanthi NIYAT.

 

Niyat iku ora bakal ana : sadurunge RUMASA.

Sěpi saka rumasa : wuk tanpa dadi.

Měruhi kaluputan utawa cacad, bisané gěnah mung yèn kanthi TLATÈN LAN NASTITI.

 

DADI niyat měruhi luputé, kanthi tlatèn lan nastiti, iku sangu angka 1 (siji) tumrap wong ngudi kawruh kasunyatan.

 

Saya kasdu lan tlatèn, saya cukup sanguné. Kosokbaliné : saya kurang rumasané, ndadèkaké kurang tlatèné.

 

Marsudi gědhéning rumasa, apa déné kasdu lan tlatèné nggolèki kaluputané, prayoga diprělokaké bangét, supaya AJA NGANTI KURANG CUKUP.

 

Manungsa yèn niyat kanthi těměn-těměn marsudi kawruh kasunyatan, iku panggawéyané kang ajěg : PRAYITNA lan AWAS ngulat-ulatake KARĚPÉ ing saběn dina. Aja měngěng ěnggone ANGON KARĚP, aja wéya anggoné njingglěng thukuling niyat.

 

YA ANGON KARĚP LAN NJINGGLĚNG NIYAT iku kang aran kasdu tlatèn mběněraké luputé utawa ngowahi cacadé.

 

Angon lan njingglěng mau cěkaké : nětěpi abon-aboning paněmbah kanggo ing rina wěngi.

 

Saya tětěp panganggoning abon-abon, saya sisip lělamuk rěrěgědé.

 

Saya suda kaluputané, utawa cacadé, saya nyědhaki marang nugraha (sipat kapangéranan).

 

Mripat kang katutupan blolok kanděl, katoné : jagad iki pětěng kěbak lělamuk kaya pědhut.

 

Ora wěruhing mripat marang padhanging srěngéngé iku, marga katèmplèkan ing rěregěd kang aran blolok mau.

Upama pikiran NGANDĚL baě marang mripaté, iku mujudaké KALUPUTAN RANGKĚP, yaiku : kang sapisan, ěnggoné nětěpaké yèn jagad iki pětěng kěbak lělamuk. Kapindho : ěnggoné ora wěruh ana blolok ing mripaté.

 

Pikiran kang prěcaya baé marang mripat kang ngapusi mangkono iku, dadiya gambaré wong ora rumasa.

 

Ěnggoné nětěpaké PĚTĚNG marang jagad, iku nunggal těgěs karo ěnggoné nětěpaké, TANPA RĚRĚGĚD ing mripaté. Katětěpan rong prakara kang luput iku mau, NYIRNAKAKÉ NIYAT ngrěsiki rěrěgěd. Dadi sangu kang angka I, tumraping wong ngudi padhanging mripaté kang blolokěn iku : NGAKONI ANANING BLOLOK ING MRIPAT, sarta NIYAT NGRĚSIKI BLOLOK.

 

Pangambu, pangrungu pangrasa ilat lan pangrasa badan iku, ya sok ngapusi kaya si-pandulu, samangsa kanggonan rěrěgěd utawa lělara.

 

Kang mangkono iku yen PIKIRAN KÈLU, mujudaké KALUPUTAN RANGKĚP tumrap pikiran.

 

Ing dhuwur iki kanggo pěpindhan : SUKMA yèn kèlu marang pancadriya (angěn-angěn lan rahsa).

 

Suksma upamakna : pikiran. Mripat upamakna : angěn-angěn rahsa. Hawa něpsu minangko blolok.

Rěrěgěd utawa lělaraning pancadriya marakaké ORA WĚRUH marang kasunyatan, kaya déné sipandulu ěnggoné ora wěruh marang padhanging srěngéngé.

 

Kang mangkono iku yèn suksma NGANDĚL BAÉ (KÈLU) marang angěn-angěn lan rahsané, ndadèkaké kabodhowan rangkěp, yaiku : kang sapisan ěnggoné ora měruhi (ora prěcaya) marang kasunyatan, kang kapindho eěnggoné ora měruhi (ora ngakoni) marang rěrěgěd utawa lělara kang dumunung ing angěn angěn lan rahsané. Wasana banjur nětěpaké yèn padhanging kasunyatan pancèn ORA ANA sarta dhèwèké ORA RĚGĚD.

 

Ngakoni utuwa měruhi rěrěgěding angěn-angěn lan rahsa mau BISANÉ TĚRANG, yèn kanthi tlatèn lan nastiti sajroning kaěněngan (rěsik). Saya tlatèn lan nastiti, saya těrang marang luputing angěn-angěn apa déné cacading rahsané. Saya awas lan prayitna ěnggoné njinggléng kaniyatané, saya suda sisip rěregědé, ndadèkaké saya trěwaca tingaling Rasané.

 

Mripat kang ora bisa wěruh salawasé marang padhanging srěngéngé, kasěbut wuta. Kang bisa wěruh, diarani ndulu.

Ndulu iku běja, wuta iku apěs.

 

Liré wěruh kasunyatan iku SIRNA KALUPUTAN LAN LĚLARANING PANCADRIYA, sirnané mau ndadèkaké trěwacaning suksmané marang kasunyatan.

 

Liré wuta marang kasunyatan iku ora bisa ndulu salawasé marang kasunyatan, marga pancadriyané nandhang lara utawa kěbak rěrěgěd (hawa napsu), kang banjur ora bisa ndulu.

 

Mangkono iku, yèn rinasa-rasa, tétéla : wuta tumrap kasunyatan iku kěna katěmbungaké wutaning wuta, liré : luwih wuta tinimbang wutaning mripat wiwit lair. Awit : wuta marang srěngéngé iku mung sadhéla, tur tumrap prěkara sapélé. Balik wuta marang kasunyatan, iku bangět lawasé, tur tumrap prakara prěluning prělu.

 

Manungsa kang NGAKU marang ananing kasunyatan, sarta ěnggoné ora wěruh iku diakoni MARGA SAKA RĚRĚGĚD LAN LĚLARANING ANGĚN ANGĚN LAN RAHSANÉ, manungsa kang mangkono wis èwoning rumasa.

 

Saka dayaning rumasa mau, bisa thukul niyaté nggolèki kaluputané utawa rěrěgědé.

 

Déné TLATÈNÉ lan NASTITINÉ gumantung ing KASDUNÉ, yaiku :

BANTĚRING NIYAT.

*******

KINANTHI

 

Mangka ta kang aran laku |  lakune ngèlmu sajati |  tan dahwèn pati opènan | tan panastèn nora jail |  tan njurungi ing kaardan | amung ěněng mamrih ěning. (Wedhatama Winardi). 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Serat Madurasa

ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦩꦢꦸꦫꦰ SERAT MADURASA PURWAKA Serat MADURASA iki jangkepe layang JATIMURTI lan MADURASA, kang wis nate katerbitake dening Tok...