ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦩꦢꦸꦫꦰ
SERAT MADURASA
PURWAKA
Serat MADURASA iki jangkepe layang JATIMURTI lan MADURASA, kang wis nate katerbitake dening Toko Buku Tan Khoen Swie ing Kediri, seket tahunan kapungkur, wujude cap-capan nganggo aksara Jawa, saiki katedhak mawa aksara Latin, supaya tebane luwih omber.
Sarehne isi bab RASA, dadi ya wis samestine yen rinasakake klawan weninging ati. Mula sadurunge maos buku iki, prayoga nyatitekake pamrayogane sing yasa layang iki.
Penerbit Yayasan Djojo Bojo
Surabaya
Dipun tedhak saking buku basa sarta seratan Jawi Babaran Toko Buku Tan Khoen Swie Tahun 1922 :